Monday, March 9, 2015
DHALANG.
PUCUNG.
1. dhalang iku,maringi panuntun ilmu
sa solahe wayang
minongko lampito hurip
nora gampang dadi dhalang kang sanyoto.
2. kudu ngerti titi laras nggenyo suluk
apal ing janturan
onto wecono lan sanggit
tamat lakon sewengi katon sampurno.
3. ugo kudu ngerti gendhing kang satuhu
waton nganggo laras
tetembangan sarwo edi
nora mayar dadi dalang temenanan.
4. kudu tajem wibowo munggah ing panggung
koyo dene rojo
tan keno paran tumulih
solah wayang sanggit kang ngemu suroso.
5. nora pareng nedhi ing wanci pepanggung
nadyan dudu poso
nanging mung ngirang-ngirangi
nora saru lamun sinawang pamirso.
6. krawitane ngungkung ngungelaken talu
ringgit kawiwitan
ayak-ayak nuli muni
sung pratondho iku jejer kang kapisan.
7. kekombangan dalange wus katon suluk
iki lakon opo
rerasan poro miyarsi
jejer pisan bakal binuko carito.
8. wus samabto sang noto gyo arso kundur
tumuju kadhaton
pasewakan gyo anangkil
aleladrang sung khurmat jengkaring noto.
9. sang narendro ki patih sigro kautus
mbubarke kang sebo
ngerikke wadyo ajurit
sung anjagi karaharjaning negoro.
10. ngawe wadyo bolo kang majuru-juru
sigro bebudhalan
gegaman senjoto bedhil
nitih liman ugo anitih turonggo.
11. pro kawulo aningali sarwo ngungun
untape pro wadyo
pindhane selo blekithi
kadyo semut lumaku nginggileng selo.
12. kathah maneko warno busananipun
abang kumpul abang
koyo gunung mowo geni
putih-putih kadyo kuntul sewu nibo.
13. sami ijo koyo tanduran gumadhung
ugi wonten wadyo
busananiro kang kuning
pindho peksi podhang ingkang hareraton.
14.
Subscribe to:
Posts (Atom)