Wednesday, October 2, 2013

     DHANDHANGGULO.


Pamedhare warsito jinarwi
puji dongo kunjuk mring sasomo
maring sedoyo samane
kunjuk GUSTI kang agung
kang wus paring gesang puniki
nikmat lan karohmatan
rezeki sempulur
pinaringan panjang yuswo
ngantos benjang dumugi kaki lan nini
rahayu salaminyo.

         sun sesuwun dateng poro sami
         ingkang gesang dateng alam dunyo
         urip amung delo wae
         tumuli enggal wangsul
         katimbalan ngayunan GUSTI
         urip hamung sadermo
         nengenaken syukur
         embuh bungah opo susah
         kabeh mau wus tinakdir lawan GUSTI 
         tabah,sabar tawakal.

 Lamun sabar nuli ngati-ati
urip nyanding sawenehing godho
godho lahir lan batine
niku ujianipun
alon-alon nggone ngadepi
sabar sareh tumoto
nora banjur nesu
ywo iku wujud lelakon
hamung adil wajipe siro lakoni
wiradat lan ihstiar.

           awyo nganti sambat kang kepati
           njugarake kabeeh sedyaniro
           ora bakal nemu kasel
           lan ojo nganti nyebut
           iku dadi godane neki
           becik tumuli pasrah
           marang GUSTI nipun
           jroning ati mung sumarah
           mugo-mugo enggalo pikantuk margi
           marganing kautaman.

 Ngger putraku ojo pijer nangis
cep menengo sabar sawetoro
bakal tak pendetne ngombe
ojo tansah amuwun
gumuyuho nengsemke ati
ati kang pinilolo
mesakne pun ibu
guyumu pisungsung dongo
kanggo bopo ibu kang tresno ing mami
ngukir siro dewoso.

            Dewasane dadio wong sigit
            biso jumbuh  marang ular-ular
            anetepi kudangane
            tiyang asepuhipun
            nalikane gek zaman bayi
            diemban lan digendhong
            dadio wong tuhu
            ngerti wuruk lawan wulang
            wulangane poro guru ingkang suci
            dadi bocah utomo.

No comments:

Post a Comment