WALI.KINANTHI.
Minongko wali sesepuh
MAULANA MALIK MAHGRIBI
putro syeh JUMADIL KUBRO
asal saking nagri turki
tindak dateng tanah jowo
mapan wonten kutho nggresik.
kasambet ing rayinipun
raden RAHMAT ingkang nami
SUNAN AMPEL suroboyo
nggarwo dewi condrowati
putro prabu BROWIJOYO
saking nagri mojopahit.
Raden RAHMAT turunipun
kang jumeneng dadi wali
gelare njeng SUNAN BONANG
sang raden MAHDUM IBRAHIM
ugi kanjeng SUNAN DRAJAD
asmo raden SARIFUDIN.
Sarono ajaranipun
sholawatan TOMBO ATI
nenggih kanjeng SUNAN BONANG
tlatah tuban tanah jawi
ugi laladan baweyan
nggeniro dakwah agami.
Paring dunung wong kang bingung
asung eling wong kang lali
tulung teken wong kang wuto
dakwahe sang raden QOSIM
iyo kanjeng SUNAN DRAJAD
ing lamongan tanah jawi.
lajeng kanjeng SUNAN KUDUS
putrane njeng USMAN HAJI
ing tlatah kudus lan rembang
gyaniro dakwah agami
nggarwo putri SUNAN BONANG
kang sesilih DEWI RUHIL
Wali kang saklajengipun
asmane sang raden SYAHID
kanjeng SUNAN KALIJOGO
ing demak dakwah agami
putro adipati tuban
wilotikto ingkang nami
No comments:
Post a Comment